RSS

PRANATA CARA IN TEMANTENAN



PRANATA CARA IN TEMANTENAN

Sumangga kula derekaken sesarengan manungkul puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung.  Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan,  rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Budi sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya,  hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
     Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

1. Eko laksitagati,  purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
2. Dwi laksitagati,  rawuh lan  jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
3. Tri laksitagati,  pasrah-pinampi putra temanten kakung
4. Catur laksitagati,  dhaup panggihing putra temanten anut satata-ning  adat widhiwadana ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara krobongan
5. Panca laksitagati,  nderek mangayuhbagya-nipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha,  tumunten kalajengaken upacara sungakem
6. Sad laksitagati,  atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
7. Sapta laksitagati,  lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
8. Hasta laksitagati , sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhong pudyastawa murih widadaning bebrayan
9. Nawa laksitagati,  paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
     Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi. Nuwun, nuwun, matur nuwun




Translate


Marilah saya iring anda untuk memuji syukur kepada Tuhan yang  telah memberikan rahmat dan nikmat di alam kehidupan ini. Terbukti keselamatan selalu menyertai  kita semua sehingga kita bisa meluangkan waktu untuk menghadiri acara/ pesta ini. Untuk memberi doa  dan restu kepada bapak (Budi) sekeluarga yang sedang memenuhi kewajiban sebagai orang tua,  yakni menikahkan anak mereka, semoga selalu diberi keselamatan.
     Para tamu (laki-laki dan perempuan), susunan acara yang sudah disusun oleh keluarga adalah sebagai berikut:
Pertama,  sebagai pembuka pesta ini adalah kedatangan pengantin putri dari ruang rias ke pelaminan
Kedua,  datang dan perginya pengantin putra menuju ke arena pesta
Ketiga,  serah terima pengantin putra
Keempat,  acara panggih (pertemuan) antara pengantin putra dan putri sesuai dengan adat dan dilanjutkan krobongan
Kelima,  sambutan dari pihak besan (mertua) kepada tuan rumah dilanjutkan acara sungkem
Keenam,  sambutan dari pemilik rumah kepada para tamu undangan
Ketujuh,  kepergian pengantin ke ruang ganti untuk ganti baju kesatria
Kedelapan,  kedatangan kembali kedua pengantin
Kesembilan,  berakhirnya acara pesta pernikahan ini yakni perginya pengantin menuju ke depan tempat pesta
Demikianlah susunan acara pada pesta pernikahan kali ini. Selanjutnya kami persilahkan para tamu untuk duduk di tempat yang sudah disediakan dengan sesantai mungkin. Sambil mengikuti jalannya acara ini mari kita menikmati lagu-lagu Jawa
Terimakasih

sumber : melani-shania.blogspot.com

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar